Sabtu, 22 Februari 2014

Pidato bahasa Jawa




Pidato Bahasa Jawa Tema Isra Mi'raj

Ingkang kinurmatan Bapak Lurah …
Ingkang kinurmatan bapak Ketua Rt ,,,
Ingkang kinurmatan bapak …..
Poro hadirin sedoyo ingkang kawulo hormati….

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Kawulo aturaken matur nuwun sanget kagem bapak / ibu sedoyo ingkang sampun menehi kesempatan kagem kawulo kangge nyambut acara meniko wonten ing Isra’ mi’ra nabi agung Muhammad saw. Saderengipun monggo kito sedoyo ngucapaken puji syukur dhumateng gusti Allah swt, sebab kanti nikmat lan rahmatipun kito sedoyo saget makempal wonten ing mriki, sehingga wonteng ing ndalu niki kito tanda diwenehi kesehatan jasmanu ugi rohani kagem ngringoaken ceramah agama kagem santapan rohani wontening acara Isro lan mi’roj nabi agung Muhammad saw.
Salajengipun, kulo aturaken matur nuwun ingkang seagengipun dumating sedoyo poro rawuh lan tamu undangan ingkang sampun kanti ikhlas nglonggaraken wektunipun kagem nggolet ilmu lan ngrungoake ceramah agama ingkan sekedap malih bade dipun sampeaken dening Bpk … … .. (ingkang badhe ngisi pengajian)
Poro hadirin ingkang minulyo, kito umat islam sampun sa’wajare mangertos dumateng junjungan nabi kito nabi Agung Muhammad saw, sedoyo meniko namung kagem ningkataken iman lan takwa kito dhumateng Allah swt. Semoho ugi kita saged luwih ngedekaken kito dhumateng Allah swt, lan saget nglakoaken sedoyo perintahipun lan ngedoih sedoyo ingkang dado larangan-laranganipun Allah swt.
Kawulo atas nami Ketua Panitia peringatan Isro lan mi’job, ngarep-arep mugi-mugi ilmu pengetahuan agama kito khususipun masalah isro lan mi’jor meniko bener-bener dipun gateaken dening poro rawuh sedoyo, lan salajengipun saget dipun amalaken miturut tuntunan ingkang sampun diajaraken dening Allah swt kagem kito sedoyo umat islam.
Khususipun kagem Bapak …. (ingkang isi ceramah) kawulo aturaken matur nuwun ingkang sanget kagem keikhlasanipun wonten ing ngaturaken babagan agama kagem kito sedoyo wonten ing ndalu puniko, mugimugi amalipun saged dipun tampi dening Allah swt lan dipun paringi ganjaran ingkang lipet.. amin…

wa billahitaufiq walhidayah,
Wassalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.






Pidato Bahasa Jawa Kanthi Tema Njaga Kebersihan Lingkungan
Assalamualaikum warrohmatullohi wabarokatuh.

Dhumateng Bapak Kepala Sekolah
Dhumateng Bapak lan Ibu guru
Lan dhumateng rencang sedaya ingkang kulo tresnani

Hadirin ingkang kulo tresnani
Monggo kita sesarengan njunjungake puja lan puji syukur marang  Gusti allah SWT amargi sampun maringi berkah lan karunia. Saengga kita sedaya saged makempal sesarengan kanti sehat wal afiat.

Hadirin ingkang kulo tresnani
Kaping pisan ingkang kita sedaya perlu sadari lingkungan kuwi panggenan kangge kita sedaya nggantungaken urip, umat manungsa. Amargi meniko kita sedaya kudu njaga lingkungan sae-sae supados bumi ngasilaken keuntungan kangge kita sanes kerugian utawi bencana kangge kita.

Hadirin ingkang kulo tresnani
Salah sasawijining cara lingkungan mboten maringi bencanan kangge kita yakuwi njaga kebersihan lingkungan. Tegesipun kebersihan lingkungan ingkang salerese yakuwi lingkungan kang layak kanggge dipanggoni manungsa lan kesehatan manungsa saged terjaga amarginipun menika kita sedaya kudu njaga kebersihan lingkungan supados nyiptakaken urip ingkang layang lan sejahtera.

Hadirin ingkang kulo tresnani
Njaga kebersihan lingkungan yakuwi cara kang becik kangge nyegah penyakit-penyakit ingkang ngintai ing musim udan kayak saniki. Njaga kebersihan lingkungan saged diwiwiti saking ngresiki sekolah kita tresnani, SMK Negeri 1 Brebes menawi sekolah kita resik tiang sanesipun mboten sungkan kangge nyontoh kabiasaan becik kita sedaya. Kangge ngresiki sekolah kita iki. Dampak positif yakuwi kagiyatan belajar mengajar dados nyaman amargi lingkungane resik.

Cekap sementen ingkang kula aturaken, mbok bilih wonten klenta-klentunipun kulo nyuwun pangampunten.

Wassalamualaikum warrohmatullohi wabarokatuh.




“ PENDIDIKAN “
Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakaatuh.
Poro bapak, ibu lan sederek sedoyo ingkang kulo hormati. Ing dalem dinten ingkang berbahagiya niki monggo kulo lan pan-jenengan sedoyo ngucapaken raos syukur dumateng ngersanipun Allah swt. ingkang sampun maringi nikmat lan rahmatipun sehinggo wakdal niki kito sedoyo saget kempal wonten meriki panggenan kaperlu ngengeti dinten pendidikan Nasional ingkang tepatipun tanggai kaping kalih saking wulan Mei tahun ;…….
Perlu sanget kito sedoyo sumerapi mbok beleh pemerintah Indonesia ing dalem kitab UUD 1945 sampun dipun programaken wajib belajar dumateng warga negarinipun milahi umur pitung tahun. Kito ugi sumerap ing dalem agami kito Islam ingkang sampun lami ngantos pinten-pinten abad niku, wakdal nabi saw. taksih gesang sampun mrogramaken utawi anjuraken wajib belajar dumateng umatipun niku sedoyo maksudipun supados umat beliau dados umat ingkang nggadahi ilmu pengetahuan lan ugi supados dados umat beliau saw. ingkang boten bodoh. Masalah niki kados pengendakane nabi saw. ing dalem hadits riwayat Ibnu Abdil Baar ingkang artosipun :
“Nggoleko ilmu iku senajan ona negari Chino. Saktemene nggolek ilmu iku dipun wajibno ingatasi saben-saben wong Islam. Lan saktemene malaikat iku bakal ngerendahno sayape marang wong sing nggolek ilmu sebab repote marang pengga-wean iku.”
Poro rawuh sedoyo ingkang kulo hormati.
Lan kelawan ngengeti dinten pendidikan Nasional niki monggo kulo lan panjenengan sedoyo ningkataken malih anggenipun kito ing dalem mados ilmu, nopo niku arupi ilmu agami utawi arupi ilmu pengetahuan umum. Ilmu ingkang wonten hubunganipun kaliyan gesang ing dunyo kemawon lan wonten ilmu ingkang wonten hubungane kaliyan akhirat.
Semanten ugi kito sumerap bentenipun kaliyan tiyang ingkang nggadahi kaliyan boten nggadah ilmu. Lan mugiyo amal lan ngabekti kulo lan panjenengan sedoyo dipun terami Allah swt. Amiin yaa Rabbal Aalamiin. Akhirul Kalaam.
Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakaatuh.





Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakaatuh.
Poro bapak, ibu lan ugi sederek sedoyo ingkang kulo hormati. Monggo kito sedoyo ing dalem wakdal ngengeti dinten sumpah pemuda tahun;niki kito raos syukur dumateng ngersanipun Allah swt., ingkang sampun maringi nikmat lan hidayahipun sehinggo wakdal niki saget kempal lan ndugeni acara ngengeti dinten niki kanti sehat wal afiyat.
Kito sedoyo, khususipun poro mudo-mudi wonten meriki panggenan kaperlu ngengeti dinten sumpah pemuda. Dados sumpah pemuda niki saben tahun dipun ngengeti tepatipun tanggai 28 ing wulan Oktober. Lan penting sanget wakdal ngengeti dinten sumpah pemuda tahun niki kangge kito sedoyo inggih meniko kito kedah saget mundut hikmahipun. Milo saking niku monggo kulo lan panjenengan sedoyo niki tansah iman lan takwa dumateng Allah swt., dene punopo kito sedoyo wakdal niki sampun katah sanget pemuda lan pemudinipun ingkang belajar wonten perguruan tinggi, nopo niku wonten Sl lan langkung-langkung wonten sarjana kalihipun, ugi wonten sarjana tigo. Niki ngerupekaken pertanda lan bukti mbok beleh pemuda lan pemudi bangsa Indonesia sak mangke sampun podho pinter lan sregep anggenipun sinau. Lan kito sumerap mbok beleh pemuda dinten niki ngerupekaken ingkang nyepeng lan mimpin benjang. Kados pengendikane ahli syair Arab :
“ SYUBBAANUL YAUMI RIJAALUL MUSTAQBALI”.
Artosipun : “Pemudo dino iki bakal dadi pemimpin dino esuk. ”
Poro rawuh sedoyo ingkang kulo hormati.
Dados pemuda niku kedah mados ilmu langkung katah mados ilmu pengetahuan umum langkung-langkung ilmu agami. Gesa-ngipun pemuda kedah kelawan ilmu lan ugi raos takwa dumateng Allah swt. Perkawis niki sampun dipun pengendikak-aken dumateng Imam Syafi’i:
“HAYAATUL FATAA WALLAAHU BIL ‘ILMIWATTUQAA WA IDZAA LAM YAKUUNAA LAAI TIYAARAN LIDZAATIHI”.
Ingkang artosipun : “Uripe pemuda iku demi Allah kudu kanti ilmu lan takwa marangAllah, menawi karo-karone iku kosong berarti pemuda iku ora ono (yaiku pemuda iku boten wonten artine).”
Milo saking niku pemuda ing dalem gesangipun saben dinten niki kedah mados ilmu lan estu-estu takwa dumateng Allah.
Poro rawuh sedoyo ingkang kulo hormati.
Kangge nutup sambutan kulo niki, kulo bade nyampekaken ikrari-pun lan isi saking sumpah pemuda wakdal kongres kaping kalih, inggih meniko :
* Kamiputro lan putri bangsa Indonesia bertanah air satu tanah air Indonesia.
* Kami putro lan putri bangsa Indonesia berbangsa satu bangsa Indonesia.
* Kami putro lan putri Indonesia berbahasa satu bahasa Indonesia.
Akhiripun, mugiyo kito sedoyo niki dados pemuda ingkang kreatif lan sregep anggenipun mados ilmu.
Akhirul kalaam. Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakaatuh.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar